Merajut Harmoni Antar Karyawan Liwat Olahraga Senam

  • 4 tahun yang lalu
SEMARANG, KOMPAS.TV - Karo nganggo dresscode sporty, karyawan dijak olahraga senam, ing acara syukuran KG 2020, seng digelar dino Sebtu 22 Februari 2020 ing Hotel Amaris Pemuda Kota Semarang. Acara seng tajuke merjaut harmoni iki ditekani karo atusan karyawan soko macem-macem unit Kompas Gramedia. Lan kegiatan olahraga senam dipilih kanggo nyemarakke syukuran Kompas Gramedia, orak mung iso nyehatke awak nanging ugo iso luweh ngraketke keakraban lan kekeluargaan kabeh karyawan. Sakwetoro kuwi acara syukuran KG 2020 iki digelar mergo Kompas Gramedia wes kasil nglewati taon 2019. Lan ing taon 2020 iki dikarepke iso luweh iso bertranformasi, berkolaborasi lan unit - unit anyar terus muncul. Sakliyane kuwi, kabeh karyawan ugo luweh optimis kanggo ngasilke seng luweh apik meneh. Sakwise senam, njur dilanjutke pemotongan tumpeng seng dilakokokke karo Kabiro Kompas TV Jawa Tengah, Andi Dewanto, seng diserahke langsung marang Kepala Percetakan Bawen, Suprapto. Nah seng paling dienteni kabeh karyawan yoiku pengundian doorprise, seng jumlah hadiahe nganthi atusan hadiah.

#KompasGramedia #SyukuranKG #Semarang